Bendungan wonorejo kabupaten Tulungagung


 Di kutip dari kacamata Tulungagung

Bendungan Wonorejo ki nyatu uombo, cah. Bayangno, debit banyune ilo rata-rata 15.000 meter kubik per detik. Bendungan seng panggone bagian kulone Kabupaten Tulungagung iki tepate neng desa Wonorejo Kecamatan Pagerwojo gek fungsine dingge pembangkit tenaga listrik, perbanyunan, periwak'an, olahraga karo nggon rekreasi.

Dadi salah sijining nggon wisata, bendungan iki dilengkapi karo pirang-pirang sarana prasarana koyok taman dolanan, area pemancingan, speed boat, nggon nginep karo sarana ngge hiburan.

Banyu neng Bendungan Wonorejo seng panggone 12 kilometer tekan pusat kota Tulungagung kui banyune tenang gek rupane biru. Suasanane sejuk gek suasana alam neng sekitare ilo serba ijo royo-royo karo rindang ngunu kae lo. Ning kiwo tengen enek sawah karo wit-witan.

Sak liane dingge wisata, Bendungan Raksasa seng tak itung-itung enek lek kapasitas tampung totale 122 juta meter kubik iki yo ndue fungsi penting. Yokui nyediani banyu baku dingge Perusahaan Daerah Air Minum (PDAM) Kota Surabaya seng sekitar 8 meter kubik perdetik, bar ngunu dingge pembangkit tenaga listrik 6,02 megawatt, mbantu ngendalikne banjir kanggo wilayah Tulungagung sing ombone 1.479 hektar karo ndukung irigasi pertanian seng ombone 1.200 hektar, dingge budidaya iwak, gek terakhir kawasan sabuk ijo dingge tanaman keras produktif. Ajakmu Bendungan iki ngasilne 200 ton iwak pertaon 

Comments

Popular posts from this blog

Menambang mining BTCs terbaru

CARA MENGATASI HALAMAN FB KENA DISMON ORIGINALITAS KONTEN TERBATAS